contoh pawarta bahasa jawa
B. Daerah
dianadiana5480p39i9s
Pertanyaan
contoh pawarta bahasa jawa
1 Jawaban
-
1. Jawaban MawarRS
contoh pawarta singkat tentang pendidikan 2017 yang berada disekolah.
Kurikulum 2013 paling akeh dilaksanakake ing SD, yakni 127 sekolahan. SMP 25 Sekolahan, SMA 21 sekolahan, lan SMK 19 sekolahan. Miturut Arif, saben sekolah ngesuk kudu ngebaki kriteria Kurikulum 2013.
Pancen dudu perkara sing gampang nglakoni sistem kesebut. Dudu mung kejagan mental guru lan murid. Piranti lan pra piranti uga kudu ndukung sakabehe.
Nah, kanggo ndongkrak kwalitas ugo kapasitas guru, Dinas sregep ngenengake workshop utawa pamulangan singkat, mawa bimbingan teknis utawa BIMTEK marang para plaksana pendidikan.
Ora kalah penting, Arif ngelingna kejagan materi wulang ngrupa buku. Senajan nang taun nuli, isih bisa ditrapke nang taun iki amarga dasar materi wulange padha. “Prinsipe, kabeh sekolah kudu siap nggunake Kurikulum 2013,” turene.
Salah siji sekolah sing durung nglakoni K13 yaiku SMPN 2 Cangkringan. Senajan ngono, Kepala SMPN 2 Cangkringan Hadi Suparmo ngendikan siap nek ditunjuk saka dinas kanggo nganakne kurikulum kuwi.
Senajan isih nrapake kurikulum 2006, para guru wis oleh diklat lan panglatian Kurikulum 2013. “siap wae. Buku K13 uga wis ana,” sanjange